Langsung ke konten utama

Bahasa Jawa : Pawarta

PAWARTA


A. Pangerten Pawarta

Pawarta yaiku andharan marang liyan ngenani kedadean kang nyata. Pawarta iku duwe informasi kang migunani tumrap kang maca utawa kang ngrungokake. ana pawarta kanggo wong, yaiku andharan ngenani kedadean utawa andharan kang pertu diweruhi. Uga ana
pawarta kanggone layang kabar, yaiku mujudake andharan, katrangan, utawa jlentrehan kang dibutuhake masyarakat.

B. Maca Warta

Macakake warta kanggo wong liya kudu gatekake kedal, lagu lan pangucapan kang cetha, supaya warta iku bisa katrima marang kang rungokake. Amrih becike bisa gatekake anggonë penyiar televisi kang lagi ngandharake wartane. Kepriye kedal, lagu lan pangucapane uga gesture utawa tindak tanduke awake. Penyiar televisi iku anggone maca warta pandelengane tumuju ing ngarep, dene lungguhe utawa anggonë ngadeg jejeg lan pamacane bener.
Maca warta iku wigati kanggone masarakat jaman saiki. Kanthi maca dimangerteni. Warta saka radio, televisi, Ian ariwarti utawa kalawarti manéka warna. Ana pamaréntahan, polotik, ékonomi, seni budaya, lan maca warta masarakat bisa mangerteni mlakune jaman, kaya penerbitan lalu lintas déning pamaréntah, lsp


C. Ciri-Ciri utawa Titikane Pawarta

Pawarta kang becik iku duweni titikan utawa ciri-ciri:
1. Aktual= anyar
2. Faktual = nyata miturut kedadean kang asli Ian bener,
3. Cekak=singkat, Pädat, lanjelas
4. Narik kawigaten = narik perfiatian
5. Jangkep = lengkap

D. Jinising Pawarta

Pawarta iku dibedakake dadi 2, yaiku:
1. Lisan
Pawarta lisan yaiku pawarta kang diwartakake dening pamiryasa lumantar swara. Pawarta lisan bisa saking TV, Radio, ISP.
2. Tulis
Pawarta tulis yaiku pawarta kang diwartakake lumantar seratan ing kalawarti (koran), ariwanti(majalah)i ISP.

Jinising pawarta:

1. Adhedhasar isine
Pawarta bab pendidikan, agama, politik, kewarasan, ekonomi, hiburan, lingkungan, hukum,
tetanen, olahraga, ISP.

2. Adhedhasar sumbere
a. Fakta yaiku pawarta saka kedadean langsung/nyata.
b. Opini yaiku pawarta kang wujud andharane wong kang ngalami sawijine kedadean.
c. Campuran antarane kedadean Ian penemune nara sumber kang ahli ing bab kedädean kasebut.

3. Adhedhasar bobote fakta
a. Pawarta fakta/kedadeane pancen bener ana
b. Pawarta ditambah andharan bab kedadeane
c. Pawarta opini, awujud andharan wartawan
d. Pawarta apus-apusan

4. Adhedhasar sumbere pawarta/wilayahe
a. Lokal (wilayah Kabupaten/Kota)
b. Regional (wilayah Provinsi)
c. Nasional (Negara)
d. Internasional (sak alam ndonya)

E. Unsur-unsur Pawarta

Pawarta ingkang becik yaiku sing kalebet ing njerone ana ungsur 5W + 11 beritane aktual, wigati, faktual, Ian, narik kawigaten.

Unsur 5W+ 1 H, yaiku :
a. What, (apa) ingkang didadosake berita utama.
b. When, (Kapan) yaiku wektune kedadean peristiwa.
c. Where, (nangdi) yaiku panggone kedadean peristiwa.
d. Who, (sapa) yaiku paraga ingkang nglakoni peristiwa.
e. Why, (kenapa) yaiku panyebab peristiwa.
f. How, (kapriye) yaiku proses utawa urutan peristiwa.
 

Ayo Maca!

 Semaken tuladha pawartä ing ngisor iki!


Kirab Bendera Ing Kabupaten Pati



Ing kabupaten pati ana kirab bendara kang dawane 100 meter Ian omobone 3 meter. Diarak saka Stadiun Jayakusuma saka jam setunggal awan nganti setengah sekawan sore ing Alun Alun pati. Acara kirab iki diadakake kanggo mengeti Dina Kesaktian Pancasila, 1 Oktober 2016 Ian kanggo mbangkitake jiwa nasionalisme pemuda sak niki kang arep luntur.
Minurut Ketua Forum Komunikasu Putra Putri PurnawirawanT NI/POLRI Indonesia (FKPPI) Pati Endang Sri Wahyuningsih ngaturkake yen dheweke matursuwun marang para pihak kang melu acara iki Ian sing peduli karo kegiatan iki. Dheweke pangarep- arep kegiatan kaya ngene iki diadakake setahun pisan.


 

Adhedasar Pawarta ing dhuwur, Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki!

  • 1. Terangna apa sing diarani pawarta!
  • 2. Sebutna titikane pawarta?
  • 3. Kepriye carane maca pawarta kang becik?
  • 4. Pawarta iku dibedakno dadi piro? sebutna!
  • 5. Sebutna jinise pawarta manut isine!
  • 6. Sebutna jinise pawarta manut Sumbere!
  • 7. Sebutna jinise pawarta manut bobot faktane!
  • 8. Sebutna jinise pawarta manut wilayahe!
  • 9. Sebutna apa unsur-unsure pawarta!
  • 10. Apa kang diweruhi masyarakat kanthi maca pawarta?


 

 

 

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Tema 2 Subtema 1 Pembelajaran 3

 Materi Bahasa Indonesia Sejuta Pohon untuk Bumi   Menanam pohon sangatlah penting untuk menjaga kelestarian alam dan keseimbangan bumi kita. Kini ajakan untuk memelihara lingkungan dengan menanam sejuta pohon semakin banyak dilakukan oleh berbagai pihak. Tujuan penanaman pohon ini adalah mencegah banjir, menjadikan lingkungan tetap teduh dan asri, meningkatkan kesadaran masyarakat serta menurunkan suhu di bumi yang sudah tidak normal lagi.     Seperti yang saat ini sudah mulai kita rasakany meningkatnya suhu di bumi menyebabkan terjadinya pemanasan global (global warming) yang menjadi permasalahan beşar yang harus segera ditangani. Hal ini disebabkan karena kurangnya pepohonan, krisisnya lahan hijau, polusi udara, dan efek rumah kaca. Semakin banyak pohon yang tertanam, semakin banyak pula karbon yang dapat diserap dan juga oksigen yang dapat dihasilkan. Pada dasarnya satu pohon dapat menghasilkan 1 kg oksigen per hari, yang dapat memenuhi kebutuhan oksi...

Tema 1 Subtema 2 Pembelajaran 2

 MATERI IPA KD 3.1 DAN 4.1 Simaklah Video Pembelajaran Berikut! Alat Gerak Manusia Tangan kita dapat bergerak karena terdapat tulang dan otot. Tulang dan otot manusia akan bekerja sama dalam melakukan pergerakan sehingga membentuk suatu sistem yang disebut sistem gerak. Alat gerak manusia dibedakan menjadi dua yaitu alat gerak pasif dan alat gerak aktif. 1. Alat Gerak Pasif Alat gerak pasif pada manusia adalah tulang. Kumpulan tulang-tulang manusia yang menjadi satu kesatuan membentuk tubuh disebut sistem rangka.  Fungsi rangka manusia adalah: Membentuk tubuh. Tempat melekatnya otot. Menopang dan menegakkan tubuh. Melindungi organ tubuh. Sebagai alat gerak. Berdasarkan bentuknya, tulang dibedakan menjadi 3. yaitu a. Tulang Pipa Tulang pipa bentuknya bulat, panjang, dan berongga. Contoh: tulang paha, tulang lengan atas, dan tulang jari tangan. b. Tulang Pipih Tulang pipih bentuknya pipih atau gepeng. Contoh: tulang belikat, tulang selangka, dan tulang rusuk. c. Tulang Pendek Tu...

Tema 2 Subtema 1 Pembelajaran 6

  Materi Pembelajaran Bahasa Indonesia  KD 3.2 dan 4.2   Udara Segar      Masih ingatkah kamu akan kegembiraan masa kecil yang banyak dihabiskan bernain di lapangan atau taman? sayangnya sekarang ini bukan hanya orang dewasa yang lebih banyak berada di dalam ruangan, anak-anak pun demikian.Berada di luar ruangan dan menghirup udara segar sebenarnya memiliki banyak manfaat bagi kesehatan jiwa dan raga. Penelitian ilmiah membuktikan apa saja manfaat udara segar bagi tubuh.        Menyelamatkan nyawa seperti yang kita peıajari di sekolah, pohon menggunakan fotosintesis untuk mengubah karbon dioksida menjadi oksigen yang kita perlukan untuk bernapas. Dalam setahun, kehadiran pohon bisa menyelamatkan 850 •nyawa dan mencegah 670.000 penyakit pernapasan akut. Pohon akan mengusir polusi dari udara sehingga lebih sehat untuk maşuk ke dalam paru-paru. Polusi udara sendiri diketahui berdampak sangat buruk, bahkan paparan dalam jangka panj...