Langsung ke konten utama

Postingan

Menampilkan postingan dengan label Pasinaon 2

Bahasa Jawa : Pasinaon 2

 Teks Deskripsi Teks deskripsi yaiku teks/karangan utawa tulisan sIng nduweni ancas/tujuan sing ngambarna sawijining barang/objek kanthi jeIas marang pamaca. Miturut kamus besar Bahasa Indonesia (2005 : 258) njelasna menawa deskripsi yaiku andharan utawa nggambarna kanthi tembung-tembung kang jelas lan tarwaca. Deskripsi iku andharan kang nggambarna tembung-tembung sawijining barang, papan panggonan, swasana, lan kadadean. Ancas utawa tujuane yaiku supaya kaya-kaya pamaca weruh bab kang dideleng, bisa krungu apa sing dirungu, bisa ngambu apa sing bisa diambu, bisa nyicipi sawijining panganan kang 'dipangan, bisa ngrasakna saengga pamaca nduweni dudutan utawa kesimpulan sing padha karo penulis. Titikane teks deskripsi yaiku: 1. Menehi gegambaran sawijining barang, panggonan, lan swasana. 2. Gegambaran dilakokna kanthi migunakaken panca indra. 3. Ndhuweni ancas/tujuan supaya pamaca kaya-kaya bisa melu ngrungokna, weruh lan ngrasakna apa sing dedeskripsikna dening panulis 4. Menehi pe