Teks Deskripsi
Teks deskripsi yaiku teks/karangan utawa tulisan sIng nduweni ancas/tujuan sing ngambarna sawijining barang/objek kanthi jeIas marang pamaca. Miturut kamus besar Bahasa Indonesia (2005 : 258) njelasna menawa deskripsi yaiku andharan utawa nggambarna kanthi tembung-tembung kang jelas lan tarwaca.
Deskripsi iku andharan kang nggambarna tembung-tembung sawijining barang, papan panggonan, swasana, lan kadadean. Ancas utawa tujuane yaiku supaya kaya-kaya pamaca weruh bab kang dideleng, bisa krungu apa sing dirungu, bisa ngambu apa sing bisa diambu, bisa nyicipi sawijining panganan kang 'dipangan, bisa ngrasakna saengga pamaca nduweni dudutan utawa kesimpulan sing padha karo penulis.
Titikane teks deskripsi yaiku:
1. Menehi gegambaran sawijining barang, panggonan, lan swasana.
2. Gegambaran dilakokna kanthi migunakaken panca indra.
3. Ndhuweni ancas/tujuan supaya pamaca kaya-kaya bisa melu ngrungokna, weruh lan ngrasakna apa sing dedeskripsikna dening panulis
4. Menehi penJelasan ngenani sawijining objek kang dIdeskripsikna, bisa awujud wama, ukuran sipat lan liya-lIyane.
Struktur teks deskrIpsi:
1. Identlflkasi
Identifikasi yaiku obyek, panggon, utawa bamng kang diandharake kanthi umum.
2. Klasifikasi
Klasifikasi yaiku ngandharake bagean-bagean obyek.
3. Deskripsi bagean
Dheskripsi yaiku ngandharake bagen-bagean kanthi rinci.
Tuladha teks deskripsi:
Jajanan Apem
Apem iku kalebu panganan tradisional. Rasane sing legi nanging uga ana kecut- kecute sitik sing gawe apem tambah enak. Ing jaman saiki kue-kue tradisional wis langka amarga salki wis akeh panganan saka negara liyane sing nyebar ing Indonesia. Kaya dene apem, saiki wis jarang banget Biasane apem iki didol ing pasar-pasar tradisional. Apem iki bisa dipangan kanggo kabeh umur saka sIng tuwa tekan wong enom.
Apem iki digawe saka tepung beras lan tape. Kagunane tape iki supaya ana rasa kecute. Aja lali gula jawa, gula pasir, lan uyah supaya nambah rasa legi lan enak. Saliyane iku bahan—bahane kang digunakake yaiku ragi, banyu klapa, lan santen. Bahan—bahan kabeh mau diuleni kanthi rata. Sawise kuwi dicetak lan dipanggang.
Sawise mateng lan ngembang biyasane apem disajekake ora nggunakake godhong kaya dene panganan tradhisional liya-liyane, nanging biyasane apem dibungkus nganggo plastik.
Gladhen 1
Bebayane Mbuwang Sampah Sembarangan
Ing wayah rendheng larahan utawa sampah-sampah mau akhire mbunteti dalan banyu. Ing kutha-kutha apa maneh. Kalen-kalen ing antarane perumahan iku dadi kebak Larahan. Ana botol plastik, bungkus jajan, tas kresek, godhong, sayuran, lan sapanunggalane.
Yen udane deres banget, kalen-kalene buntet, akhire banyune mbludag ing dalan-dalan. Suwe-suwe banyune dadi mambeg saenggon-enggon. Apa maneh yen ora banjir? Alon-alon banyune saya dhuwur, anguk-anguk ing plataran omah.
Nalika udane wis rampung, larahan sing mbunteti banyu isih ing panggonane. Sing liyane semburat tekan endi-endi. Ana ing pager, ana ing plataran, ing dalan-dalan, malah ana sing ing ngarep lawang. Tur ambune banger banget. Yen ora enggal diresiki, sedhela bae laier-laler padha teka. Larahan mau marakake penyakit.
Kerjakan Gladhen 1 di buku tulis bahasa jawa, kemudian difoto dan dimasukkan ke dalam form di bawah ini :
Komentar
Posting Komentar