Langsung ke konten utama

Pasinaon 1

Teks Narasi

A. Maknane Teks Narasi

Teks narasi yaiku teks wacan kang nyritakake kedadeyan kanthi wektu utawa keda~ kang runtut saka wiwitan ngati pungkasan. Wong kang maca teks wacan iki kaya-kaya nglakoni kaya dena kedadeyan kang ana jroning crita 

B. Titikane utawa Ciri-ciri Teks Narasi

Titikane utawa ciri-ciri teks narasi yaiku:

1. Anane tumindak ing sajrone crita

2. Crita mau ditindakake ing sajroning wektu

C. Struktur Teks Narasi

Sruktur kang kudu ana ing teks narasi yaiku :

1. Paraga lan watake

Paraga yaiku kang ngalami kedadeyan.

Paraga diperangake dadi telu, yaiku:

a. Tokoh utama yaiku paraga kang dadi sumber crita

b. Tokoh pembantu yaiku paraga kang ana, nanging ora dadi pusat cerita.

c. Tokoh figuran yaiku paraga kang dianakake supaya, kahanane dadi kaya nyata, nanging paraga iki mung lewat saklebetan.

Miturut watake, paraga diperangake dadi telu yaiku:

a. TokohAntagonis yaiku paraga kang nduweni watak kang ala, saengga ora disenengi.

b. Tokoh Protagonis yaiku paraga kang nduweni watak kang apik lan disenengi.

c. Tokoh Tritagonis yaiku paraga kang bisa dadi kancane tokoh protagonis utawa antagonis, bisa duweni watak kang apik utawa ala (penengah).

d. Watak yaiku sifat utawa karakter sing di nduweni para paraga.

2. Latar

Latar utawa setting diperangake dadi telu, yaiku latar wektu, latar panggonan, lan latar swasana.

a. Latar wektu yaiku wektu kang digambarake nalika paraga-paraga ngalami kedadeyan-kedadeyan ing crita.

b. Latar panggonan yaiku panggonan kang digambarake ing crita.

c. Latar swasana

Latar swasana di perangake dadi loro yaiku :

- Swasana alam : kedadean ing sekitar paraga, tuladhane : udan gerimis , swara jangkri lagi ngerik (bengi)

- Swasana ati : apa bae kang dirasakake paraga, tuladha : murka, nesu, was was, seneng.

3. Alur.

Alur utawa plot yaiku urutan kedadeyan kang dilakoni paraga utama saka wiwitan nganti pungkasan crita.


D. Urut-urutan Nulis Teks Narasi.

Utur-urutane nulisteks narasi yaiku:

• Nemtokake tema karangan

• Nemtokake tujuan karangan

• Nglumpukake bahan-bahan karangan

• gawe cengkorongan kerangka karangan

• Ngembangake cengkorongan kerangka karangan

Tuladha teks narasi

Mangkat Sekolah

Zuma lan Syifa sekolahe rodo adoh kamangka anggone mangkat mung numpak sepeda onthel. Mulai jam 06.00 isuk Zuma lan Syifa wis rampung adus lan nganggo seragam sekolah kang wes di setlika mlithit. Senajan mangkono Zuma lan Syifa tetep semangat anggone sekolah. Bocah foro iku uga ora tau keri anggone sekolah amarga wis bisa ngira-ira lakune tekan sekolahan mbutuhake wektu pirang menit. Zuma banjur sarapan bareng karo bapak, ibut lan adhine sing jenenge Syita. Zuma ngajak salaman bapake. Astane bapake diaras sinambi matur "Pak, kula nyuwun pamit bidhal sekolah, kula nyuwun pangestune Semana uga marang ibune. Adhine Zuma yaiku Syifa uga melu-melu kaya mbakyune. Bapak lan ibune mbales nyalami Zuma lan Syifa sinambi ngelus sirahe bocah ioro iku lan ngomongi Ati-ati lan sinau sing sregep ing sekolah." Bocah loro banjur mangkat sekolah.Anggone ngepit alon-alon lan ngati-ati.

Wacanen teks narasi ing dhuwur kanthi patitis. Sawise ngerti isine wacan, sakiki semaken struktur saka teks narasi ing dhuwur.


Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki!

  1. Apa kang diarani teks narasi?

  2. Apa bae titikane teks narasi?

  3. Sebutna strukture teks narasi?

  4. Sebutna urutane nulis teks narasi?

Wacanen maneh teks "Mangkat Sekolah" banjur wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki!

  1. Sapa wae paraga ing wacan sing wis kok waca?

  2. Jam piro Zuma lan Syifa rampung olehe adus lan seragaman?

  3. Kepriye Zuma lan Syifa anggene budhal sekolah?

  4. Apa sing ditindhakake Zuma lan Syifa sakdurunge mangkat sekolah?

  5. Kepriye anggone ngepit bocah loro kae?












Komentar

Postingan populer dari blog ini

Tema 2 Subtema 1 Pembelajaran 5

 Materi Pembelajaran IPA KD 3.2 dan 4.2 Jenis-Jenis Pernapasan pada Manusia Pernapasan adalah proses memasukkan udara dari luar tubuh ke paru-paru kemudian dikeluarkan Iagi ke luar tubuh. Setiap makhluk hidup melakukan respirasi atau pernapasan. Bernapas diperlukan untuk mengambil oksigen yang berguna bagi proses metabolisme serta membuang limbah metabolisme berupa uap air dan karbon dioksida. Proses pernapasan pada manusia terdiri dari dua jenis, yaitu pernapasan dada dan pernapasan perut. Berikut adalah penjelasan jenis-jenis pernapasan pada manusia. 1. Pernapasan Dada Pernapasan dada adalah pernapasan yang melibatkan otot antartulang rusuk. Ketika terjadi inspirasi (menghirup udara), otot antartulang rusuk berkontraksi sehingga tulang rusuk dan tulang dada terangkat. Akibatnya tekanan udara di dalam paru-paru menurun sehingga udara luar masuk ke dalam paru-paru melalui saluran pernapasan. Ketika terjadi ekspirasi (menghembuskan udara), otot antartulang rusuk berelaksasi sehingga...

Tema 3 Subtema 2 Pembelajaran 1

  Materi Pembelajaran Bahasa Indonesia KD 3.4 dan 4.4 Simaklah video pembelajaran berikut! lklan Elektronik Bacalah teks percakapan berikut! Rudi  : "Tam, cuci tanganmu dulu kalau mau makan! Nanti kamu bisa sakit perut, lho," Tama : "Tapi aku makan pakai sendok kok, Rud. Lagi pula makanan ini kan aku bawa dari rumah. Sudah pasti terjamin kebersihannya." Rudi  : "Tapi kamu habis bermain bola. Tanganmu sudah banyak memegang bola yang kotor itu, Tam." Tama : "Memangnya apa hubungannya makanan dan tangan yang kotor?" Rudi  : "Menurut iklan layanan masyarakat yang aku dengar di radio, tangan merupakan tempat penyaluran berbagai penyakit. Di tangan terdapat banyak kuman. Kuman Itu akan masuk ke dalam tubuh ketika kamu menyuapkan makanan ke dalam mulut. Kuman yang masuk ke dalam tubuh dapat menyebabkan berbagai penyakit. Salah satunya adalah penyakit perut. Tama : "Wah, benarkah? Kalau begitu aku akan mencuci tanganku dulu. Terima kasih inform...

Tema 2 Subtema 1 Pembelajaran 3

 Materi Bahasa Indonesia Sejuta Pohon untuk Bumi   Menanam pohon sangatlah penting untuk menjaga kelestarian alam dan keseimbangan bumi kita. Kini ajakan untuk memelihara lingkungan dengan menanam sejuta pohon semakin banyak dilakukan oleh berbagai pihak. Tujuan penanaman pohon ini adalah mencegah banjir, menjadikan lingkungan tetap teduh dan asri, meningkatkan kesadaran masyarakat serta menurunkan suhu di bumi yang sudah tidak normal lagi.     Seperti yang saat ini sudah mulai kita rasakany meningkatnya suhu di bumi menyebabkan terjadinya pemanasan global (global warming) yang menjadi permasalahan beşar yang harus segera ditangani. Hal ini disebabkan karena kurangnya pepohonan, krisisnya lahan hijau, polusi udara, dan efek rumah kaca. Semakin banyak pohon yang tertanam, semakin banyak pula karbon yang dapat diserap dan juga oksigen yang dapat dihasilkan. Pada dasarnya satu pohon dapat menghasilkan 1 kg oksigen per hari, yang dapat memenuhi kebutuhan oksi...